Minggu, 02 September 2012

AJA DUMEH

Aja dumeh isa mesem ngguyu
Ngemut legining gula ngenyam manising madu

Aja dumeh isa ngadeg gagah
Ngguyu latah-latah
Ngalor ngidul entuk waaah

Aja dumeh isa ongkang-ongkang
Sila tumpang lingguh jegang
Nendhangi rowang
Nyemplang kadang

Rungokna kandhaku!
Wingi dudu saiki!

Sing wingi mesem ngguyu
Saiki sasi tugu watu

Sing wingi gagah
Saiki dadi lemah

Sing wingi ongkang-ongkang
Saiki uga dadi bathang

(dikutip dari: Jaka Lodhang No.10/XXXVI tanggal 3 Agustus 1996,Oleh: Y.Siyamta)

1 komentar:

affanibnu mengatakan...

salam kenal kang.. :)

pripun kabare.. ?

Posting Komentar

By :
Free Blog Templates

Disney Minnie Mouse